Cikal Bakal

LELUHUR BANGSA JAWA DARI REMBANG

Setelah Membaca Artikel Dari Sebuah Buku Setebal 50 Halaman Berjudul " Sejarah Wong Jawa Lan Wong Kanung " Dalam Buku Ini diceritakan Bagaimana Nama Jawa dan Suku Jawa itu berasal dari Desa Tanjung Putri ( Sekarang Tanjung sari Kec. Kragan Kab. rembang ) Sehingga membuat Antara Percaya dan Tidak Saat Aku membaca Artikel dari Buku tersebut ( Aku menilai hal ini adalah cerita ada salah dan benarnya Allahu Alam )

Berikut teks yang menyataka hal tersebut :

Wong Nusa Bruney-kidul sing manggon ning saurute pesisire Teluk Sampit sarta neng tepis kiwa tengene Bengawan Sampit-hilir, ing sawijining wektu ketrajang pageblug-gedhe. Jare wong-wong Sampit kuwi padha digrowoti Setan Blarutan-sogrok weteng; nganti akeh banget wong-wong sing padha mati, luwih-luwih bocah cilik sing isih demolan. Wong-wong sing isih urip padha miris banget, nuli padha ngungsi minggat ngumbara lelayaran mengidul nyabrang samodra Bruney; tumuju ning Nusa Kendheng. Setan Blarutan ora wani nyabrang samodra nututi wong-wong ngungsi mau, jare wedi kesiku Bathari Hwa Ruh Na, ratune Jim-Samodra.

Mangkate wong-wong ning Nusa Kendheng dipangarsani dening Kie Seng Dhang, sawijining wong tuwa Sampit sing wegig lan akeh pengalamane, wong sing jangklanglana ning manca negara. Sawise lelayar sepuluh dina sepuluh wengi, ing wayah pajar bang-bang-wetan katon regemenge Gunung Nusa Kendheng (saiki Gunung Ngargapura Lasem); gisik sawetane Ngargapura katon sesawangan (pemandhangan, saiki dadi desa Pandhangan) kang ngresepake pandulu. Puncake Gunung Ngargapura katon ampak-ampak memplak, langit resik ngalela warnane biru-lasuardi; ombak agilir-gilir lindhuk nyempyok gisik pesisir sawetane Ngargapura.
Yaaa neng bumi kono kuwi wiwite wong-wong Sampit padha ndarat cakalbakal dadi bangsa-anyar, aran Wong Jawa.

Let sapenginang (wong-wong wadon Sampit padha seneng nginang nglenthusi woh jambe sing isih enom, arane Mucang), prau-prau mau wis padha mepet gisik (palwa-palwa = palwangan. Plawangan, saiki dadi desa Plawangan), para Pandhega mbuwang dandhan padha ndokok (menaruk-naruk, saiki dadi desa Narukan) praune jejer-jejer urut gisik mbanjeng mengidul. Nenek-nenek padha ndisiki mudhun saka prau kanthi mbuwang susure tepes-jambe ning segara, minangka sarat mbuwang sebel saka negarane. Nyi Seng Dhang nguculi udhete ngrogoh cepuk isi lemah-lebu saka bumi Sampit, disawurake ning gisike bumi Ngarga Kendheng; nuli sembahyang sujud sumungkem Pretiwi lan tumenga Angkasa. Wong-wong wadon liyane padha melu sembahyang bebarengan, ing pamuji: “Muga-muga sagotrah krandahe sing padha neneka kuwi padha entuka Kabekjan lan Karahayon pindhah tetruka ning bumi kono, tulusa trah-tumerah turun-tumurun bebranahan nganti pirang-pirang jaman dadi bangsa-anyar neng Nusa Kendheng.”

Wong-wong lanang nuli padha nusul munggah dharatan luru papan panggonan sing nyangkleg ning Tuk, kanthi enthuk pituduh lan pangeguh saka kakek Kie Seng Dhang sing lakune wis sempoyongan astane digandheng putune Putri-kinasih umur 12 tahun; praupane ayu pindha golek-kencana, asmane Nie Rah Kie.
Kakek Kie Seng Dhang mlaku nusup-nusup ning alas bebondhotan, sawise oleh papan kang cocog lan gathuk nuli prentah ning kabeh krandahe diutus mbubak grumbul nebang kekayon digawe teba. Putri Nie Rah Kie weruh kembang warnane putih-memplak anjrah nedhenge medem uga ana sing isih kundhup gandane amrik-wangi, wite pating grembel ngoyod ning gompeng. Sang putri kesengsem banget nuli matur ning Eyange. “Besuk yen wis duwe omah lan karasan arep nandur kembang sing warnane putih ngresepake banget ngono kuwi.” Kembang mau dijenengke kembang Melathi dening Sang Putri.

Watara patang sasi alas kuwi wis dadi papan-pomahan lan pekarangan; nalika kuwi tepak mangsa Labuh wayahe boros padha trubus, uler jati padha dadi ungker, woh-wohan padha medhohi, palapendhem akeh sing isih bentet; ndadekake wong-wong seneng ayem ngrasa ora kekurangan pangan.
Minangka kanggo mengeti asal-usule Kie Seng Dhang kuwi saka desa Tanjung-matalayur sawetane Teluk Sampit bumi Nusa Bruney pesisir kidul, mula punjere desa cakal bakal sing didunungi Kie Seng Dhang sagotrah-krandahe mbanjur dijengke desa Tanjungputri (saiki dadi desa Tanjungsari, Kecamatan Pandhangan/ Kragan Kabupaten Rembang).

Sawise dadi karas-pekarangan lan pomahan, ing sawijining dina wong-wong mau padha ngumpul ning Balepaguyuban Tanjungputri, perlu ngrembug Tatapranata lan Tataraharjane desa disesepuhi kakek Kie Seng Dhang. Giliging gawe putusan :

 Ngangkat Kie Seng Dhang diwisudha dadi Sesepuh lan Dhatu Tanjungputri ing salawase Urip, mrenata bumi Pegunungan lan Pesisire Ngargapura, wiwit Pandhangan tutug teluk Lodhan sing gisike wujud Wedhi-malela. Teluk kuwi nggenggeng alase wit Pung kang ketel sirung, ing sisih wetan ana bregade wit Pung-gedhe banget cacahe ana telu (=Sam, saiki dadi desa Sampung).

 Bumi Nusa-Kendheng diganti aran: Tanah Jawi, nulad arane Bantheng-wadon (jenenge: Jawi) sing dikramatake dening wong Lingga.

 Awake dhewe kuwi wis ora aran wong Sampit maneh, ngganti aran; wong Jawa, Nulad watake bantheng-wadhon kang jawa-banget (=gemati, ngerti, wigati) mring pedhet-pedhete. (Bumine aran: Tanah Jawi, menusane aran: Wong Jawa).

 Wong-wong kuwi nuli menehi tetenger Tahun, wiwite dadi Wong Jawa, diarani (Tahun Jawa Hwuning: 1 = 230 tahun sakdurunge tahun Masehi); sarta digawekake Lambang-Reca watu-item gedhene sak-menusa, pethane Kie Seng Dhang ndodhok ning Pongol sawetane Gunung Tunggul. Para tetuwa diwajibake nganggo kalung rambute dewe ditampar, lan diwenehi mendhel/ gandhul sing digawe saka Watu-jae wilis gedhene sajenthik-manis; memper recane Kie Seng Dhang.

Wong-Wong Mau Padha Prasetya-Suci

 Wong Jawa turun-temurun tutug Jaman apa wae tetep padha ngrungkepi Tatapercayaan-Suci Hwuning, naluri saka leluhur Nusa Bruney bangsa Chaow (=inggatan=ngumbara) saka Nusa-Hainan; jaman Jamajuja 3000 taun kepungkur (1000 taun sakdurunge Nabi Isa el Masih miyos). Guru-guru Agung bawana Masriki uga durung miyos neng Alam-ndonya, yakuwi: 1. Laow Tze Tao, 2. Hud Tze Buddha, 3. Kong Tze Khonghucu. Wondene asal-usule bangsa Chaow sing kawitan kuwi wong saka negara China, tepise bengawan Yang Tze Kiang udhik diapit Pegunungan Kwen Lun lan Pegunungan Tang La, Propinsi Ching Wai. Wong-wong mau sumebar mengidul ning bumi Tiongkok-Kidul (Nalika 4000 taun kepungkur=2000 taun sakdurunge taun Masehi), ngliwati sakidule Pegunungan Yun Lin. Ngliwati Propinsi Yunan, Propinsi Kwang Sie, Propinsi Kwang Tung. Nuli nyabrang segara munggah dharatan Nusa-Heinan, sabanjure nuli nyabrang mlebu Nusa-Bruney; sumebar anjrah dadi banbgsa-anyar suku Dhayak rupa-rupa jenenge manut arane Bengawan-bengawan kono (Barito: Maanyan-siung. Kayan: Apokayan, Kenya. Segah: Segal. Maham. Punan. Sampit). Sawise dadi wong Dhayak Sampit nuli ngumbara maneh nyabrang samodra ngancik Nusa-Kendheng, malih ngganti aran: Bangsa Jawa.

 Ing mbesuk Wong-wong Jawa neng Negara ngendi wae tansah padha nguri-uri ngagungake Ke-Jawane, lan mekarake Senibudaya Jawa.

 Wong Jawa sing nyingkur/nyepele ke-Jawa-ne bakal dadi wong Jawa-jawal sing ora nduwe Dhangkel lan Oyod-lajer. Uripe tansah Nglindur lan Mbangkong nganti ngaya ngayal-andupara, nguber kaendahane Jodhog-layung ing wayah surup Sandyakala.

Kakek Kie Seng Dhang ngasta pemrentahan Banjar (=desa gedhe) Tanjungputri genep 30 taun, yoswa 90 taun wis wiwit loyo lan ngrasa wegah; pamrentahan nuli dipasrahake Putri Nie Rah Kie kanthi diwakili garwane yakuwi: Bandhol Hang Lhe Lesy kepala Pelaut pesisir Pandhangan sapengidul. Bareng Putri Nie Rah Kie nyekel pangwasa Banjar Tanjungputri, bandhol Hang Lhe Lesy nggawe pranatan Pemrentahan: Sang Putri Nie Rah Kie dikeker dipingit sajrone Tamansari Kedhaton, ora ana wong lanang sing kena meruhi ragane (praupan lan blegere) Sang Putri; kejaba garwane lan putra-putrine sarta para Emban. Undhang-undhang pranatan Pemrentahan didhawuhake saka Kaputren kedhaton Tanjungputri Kraga (= Ngeker Raga = Kerraga = Keraga; saiki dadi Kragan) liwat Emban-keparak; nuli diterusake ning Nayakapraja-priya.

Sawise Kie Seng Dhang seda layone ditunu, awu layone dikubur sacedhake Tuk/ sumberan lan didodoki tetenger watu mecongol diayomi wit Wringin-Brahmastana. Minangka Leluhur (=Dhanhyang) sing cakalbakal desa kono, mula asmane Kie Seng Dhang dipepundhi Trah tedhak turune lan kawula-rakyate; panjenengane minangka Dhanhyang Pundhen kanthi dipengeti tembung “Tuk” ning kabeh desa diganti tembung Sendhang. Ngapek saka tembung Seng Dhang (Yakuwi: Sendhangmulya, Sendhangwaru, Sendanggayam, lan liya-liyane).

Reliqe (200 taun durung Masehi) dirawati dipepetri Trah tedhak turune digawa ning negara liya digawe tumbal dipendhem ning Taman Pundhen Agung. Wong-wong Tanjungputri yen mati layone ditunu ning gisik Pandhangan, awu-layone dilarung dikelemake ning segara. Asmane suwargi Putri Nie Rah Kie disungging dening tukang Patung wujud Reca-emas didokok ning candhi gunung Tunggul.
Pamrentahan Kraga Tanjungputri klakon madeg nganti pirang-pirang turunan ora ana sambekala, saben ganti Pemimpin mesthi milih Putri kang Witjaksana trah-tedhak turune Putri Nie Rah Kie; lan uga ngeker-raga ning Taman Kedhaton Tanjungputri. Wong-wong Jawa Kraga kuwi uripe wis padha seneng-ayem, sebab padha cepak rejekine sembada sandang pangan lan bale-pomahane, sarta pada tetep ngrungkebi ngluhurake Tata Budidaya Suci Jawa Hwuning.

Blog Wong Rembang ,Pojok Warung Kopi ( http://wong-rembang.blogspot.co.id )